Monday, March 12, 2012

pidato bahasa jawa



السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ رَبِّ الْعَا لَمِِيْنَ اَلَّذِيْ هَدَا نَا إِلَى الرُّشْدِ الْمُبِيْن وَاَمَرَنَا بِالاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنَ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ اَمَّا بعد. فقال الله تعالى : وَاعْتَصِمُوْا بَحَبْلِ اللهِ جَمِيْعًا وَلاَ تَفَرَّقُوْا
Dumateng Poro Bapak Pinisepuh, soho Poro Bapak Kiyai ingkang kulo mulya’aken. Poro konco-konco, Poro santri putra soho Putri ingkang kulo hormati. Boten kesupen dumateng Adi-adik senasip lan sa’perjuangan ingkang kulo sayangi.
Lewat suasana ingkang indah, cerah terang benderang, pada kesempatan meniko, kintenipun boten wonteng kata-kata ingkang manis, ingkang pantes kulo aturaken wonten permulaan atur kulo, kejawi nglahiraken raos puji syukur, dateng Alloh SWT kanthi ucapan….
اَلْحَمْدُ ِللهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
Ingkang kapingkalihipun Rohmat soho salam mugio tetep dipun limpahaken dumateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW shohor poro Ahli Keluarga lan sahabatipun.
Kaping tigonipun kulo aturaken matur nuwun dateng sederek pembagi acara ingkang sampun paring wekdal dateng kulo kangge ngisi wontenipun acara ing saat meniko. Mugi-mugi wekdal meniko mangke saget kulo guna’aken ingkang sa’sahe-sahenipun.
Poro konco-konco santri ingkang kulo hormati !
Pada kesempatan niki, kulo saget merasa bangga lan gembira kranten ing saat meniko kulo dipun takdiraken dening Allah saget bertemu, berpadu lan bersatu kaliyan rekan-rekan santri ingkang giat lan gigih dalam memperjuangkan syariat Islam Agama Alloh. Pramilo merupakan suatu hal engkang sanget berharga shoho sanget penting menawi wonten kesempatan meniko kulo mengajak dumateng konco-konco kangge ningkataken mutu semangat belajar lan berjuang kanthi sungguh-sungguh lan sabar. Sampun ngantos putus sebelum berhasil. Nopo malih tumrap kito sedoyo sebagai santri, isoho dadi santri sing cocok kaleh sebutane santri. Ingkang maksudipun SAN niku Insan utawi menungso. TRI, niku berarti Tigo. Dados Santri niku insan (manungso) ingkang kedah netepi perkawis tigo.
Inggih meniko No 1 : اَطِيْعُ اللهَ (To’at dumateng Alloh) No. II اَطِيْعُ الرَّ سُوْلَ (To’at dumateng Rosul) No. III اُوْلِى اْلاَمْرِ (To’at dumateng Pemerintah).
Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
Wonten sebagian Ulama ingkang njelasaken :
Bilih santri meniko singkatan sangking gangsal kata inggih meniko :
SANTRI :
SA berarti sanggup
N berarti nerusaken
T berarti tuntunan
R berarti Rosul
I berarti Ilahi
Dados sebagai santri kedah sanggup nerusaken tuntunan Rosul Ilahi. Shoho kedah berjuang lan anggadahi I’tiqod ingkang kiat, tabah lan sabar dalam menghadapi sesuatu. Tak Mundur dalam bertempur. Tak cemas karena panas. Tak heran karena hujan. Tak goyang karena gelombang. Tak gentar halilintar. Tak muntir karena petir. Tak gopoh melawan musuh. Mendal
karena rayuan gombal. Hal meniko cocok kalian qoulipun Iman Ibnu Malik wonten kitab Alfiyah ;
لاَ أَقْعُدُ الْجُبْنَ عَنِ الْهَيْجَاءِ* وَلَوْ تَوَ لَتْ زُمَرُ اْلاَعْدَاءِ
Ingkang artosipun :
Aku ora bakal mandek wedi sangking pertempuran senajan musuh berbondong-bondong melawan
Kejawi sangking meniko pancen santri meniko ingkang bertanggung jawab dateng maju munduripun utawi gesang lan matinipun umat beragama wonten masa depan. Imam Gozali wonteb kitab ; عظّة النا شئين njelasaken
إِنَّ فِى يَدِ كُمْ أَمْرَ اْلاُمَّةِ * وَفِى إِقْدَا مِكُمْ حَيَا تَهَا
Ingkang Artosipun :
“Sa’temene ono ing tangan siro kabeh iku letak urusan umat yakni urip utowo matine lan ono ing derap langkah siro iku maju lan mundure umat”
Poro rawuh ingkang kulo hormat !
Dados jelasipun menawi kito sebagai santri, boten purun bertekat melingkis celana melangkahkan kaki, terjun wonten jam’iyah utawi organisasi. Boten purun berjuang nyiaraken agami Islam, bererti kito meniko nuduhaken kematian lan kemunduruan agami wonten ing masa depan. Tapi sak wangsulipun menawi kito sedoyo sebagai santri utawi sebagai generasi muda-mudi Islam purun belajar ilmu agami ingkang mempeng shoho purun berjuang terjun wonten jam’iyah-jam’iyah, kados dene jam’iyah qiroah utawi jam’iyah dibaiyah shoho jam’iyah seni hadroah shoho sanes-sanesipun, Insya Allah kehidupan agama lan kemajuan agama wonten ing masa depan tetap cerah bersinar terang.
Pramilo sangking meniko monggo kito samiyo ngatah-ngatahaken dongo nyuwun dateng Alloh, mugi-mugi Alloh ngasilaken perjuangan kito sedoyo sehinggo saget tercapai lain terwujud cita-cita agama, bangsa lan negara بَلْدَةٌ طَيِّبَةٌ وَرَبٌّ غَفُوْرٌ Negara aman, damai, adil dan makmur penuh ampunan, lan ridlo Allah. Amin.
Cekap semanten atur kulo. Sedoyo kelepatan nyuwon pangapunten ingkang kathah.
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته

Ditulis Oleh : Unknown // 1:10 PM
Kategori:

1 komentar: