Monday, March 12, 2012

pidato bahasa jawa



السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى جَعَلَ إِسْرَاهُ مِنْ مَكَّةَ اِلَى بَيْتِ الْمُقَدَّسِ فِى لَيلَةِ الْكُبْرَآ. وَاَرْسَلَهُ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا وَدَا عِيًا إِلَى اللهِ بِإِذْنِهِ سِرَاجًا وَمُنِيْرًأ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ أَفْضَلِ الْوَرَى وَعَلَى اله وَاَصْحَابِهِ صَلاَةً وَسَلاَمً كَثِيْرًا أمّا بعد
فقال الله تعالى فى القر ان الكريم :

Dumateng poro Bapak, poro Ibu soho hadirin ingkang kulo hormati.
Sakderengipun kulo matur ingkang bade kulo aturaken mangke, langkung rumiyin kulo muji syukur Alhamdulillah dateng ngersanipun Alloh SWT. Shoho nyuwunaken tambahipun Rohmat lan salam bahagia Alloh mugio tetep dipun limpahaken dumateng junjungan kito Nabi Muhamamd SAW, shoho poro ahli keluargo lan sahabatipun.
Poro hadirin sedoyo ingkang kulo mulyakaken !
Pengajian ing saat meniko dalam rangka memperingati dinten ulang tahun Isro’ Mi’roj ipun junjungan kito Nabi Besar Muhamamd SAW. Kini kembali mengenai hal-hal historis revolusi fisik, utawi sejarah perjuanganipun Rosululloh SAW, ingkang panjenenganipun tepat tanggal 27 Rojab tahun 571 M. Dipun aturi kalian Malaikat Jibril, nindaaken perintahipun Alloh SWT, dipun Isro’aken utawi dipun lampahaken dalu, awit saking Masjidil Harom (Mekkah) ngantos Masjidil Aqsho (Palestina). Selajeng dipun Mi’roj aken saking Masjidil Aqso minggah dateng langit ngantos Syidrtoul Muntaha. Ingkang perlunipun dipun sumerapaken dateng pinten-pinten tanda kekuasa’anipun Alloh SWT, shoho nampi kewajiban ibadah sholat gangsal wekdal. Hal meniko dipun jelasaken wonten Al-Qur’an surat Bani Israoil ayat 1 ingkang surasosipun mekaten :

Ingkang artosipun :
Maha suci Allah ingkang nglampahaken dateng hambanipun wonteng ing wekdal dalu, saking Masjidil Harom dateng Masjidil Aqso kang ingsun berkahi kiwo tengene, sa’perlu ingsun tunjukne sebagian tanda-tanda kekuasaan Ingsun. Saktemene Alloh iku Maha Mendengar lan Maha Mengetahui
Poro hadirin ingkang kulo hormati !
Kanti pengajak kulo monggo kanti wontenipun peringatan Isro’ lan Mi’roj meniko, kito tingkataken segala bidang, Monggo Pak, Bu, warga umat Islam, ,lewat peringatan meniko, kito tingkataken No. 1 Bidang Ubudiyah urusan ibadah dateng Alloh SWT, ingkang maksudipun sak sampunipun peringatan Rojabiyah meniko, sampun ngantos wonten tiang ingkang ngaku agamane Islam, anangeng ibadahe taksih plintunan, utawi namun asal kober, menawi boten kober boten ibadah. No. 2 Niat bantu program pemerintah, dalam rangka meratakan pendidikan utawi mencerdaskan Bangsa ingkang maksudipun, saksampunipun peringatan Rojabiyah nimu sampun ngantos wonten umat Islam sing taksih lolak-lolok utawi taksih dereng sadar hidup berorganisasi, hidup bermasyarakat, lan hidup bergotong royong lewat jam’iyah-jam’iyah. Lewat pengajian-pengajian kito saluraken santapan rohani supados umat Islam ngertos endi barang sing Halal, lan endi barang sing Haram. No. 3 Niat demi terwujudipun Akhlaqul Karimah, mewujudkan sopan santun, toto kromo, ingkang maksudipun supados umat Islam saget sesuai antara ucapan lan perbuatan. Sampun ngantos Islam namung dumel akon-akon thok, nanging tumindha’ipun boten sesuai. Mangane boten diatur coro Islam, pergaulane boten diatur coro Islam, nek pados rizki boten diatur coro Islam, meniko sampun ngantos terjadi. No. 4 Niat demi wujudipun pengamalan wajib ingkang dados rukunipun agami Islam. Terutama pengamalan wajib ingkang dados intinipun utawi hasilipun Isro’ Mi’roj meniko ingkang sampun dipun kumndangaken setiap waktu, wonten masjid-masjid, utawi saben-saben mushollah.
حَيَّ عَلَى الصَّلاَةْ
…………. nopo BU…? Inggih meniko sholat gangsal wkedal.
M bok menawi wonten Umat Islam sing dereng nglampahi sholat, mugu-mugi enggalo dipun paringi hidayang dening Alloh. Amergi sholat meniko merupakan barometer utawi alat pengukur dateng pengamalan kito sedoyo. Tegesipun pengamalan kito sedoyo saget sahe utawi boten meniko dipun ukur utawi dipun tingali, kalihan anggenipun ngalmpahi sholat. Kranten dawuhipun Alloh wonten Surat Al-Angkabut, ayat 45 :

Artosipun :
Sholat iku saget mencegah sangking perbuatan keji lan mungkar
Poro Bapak, poro Ibu, Hadirin sedoyo pramilo monggo urusan ibadah meniko dipun tingkataken ingkang sa’estu, terutami dumateng putra-putri kito utawi generasi kito sedoyo, meniko kito didik, kito wulang, lan kito arahaken dateng urusan ibadah, sampun ngantos kito umbar, mboten kito arahaken, supados mangke dados generasi ingkang saget berguna tumrap agomo, bongso lan negoro.
Kranten lare meniko saget sahe utawi awon tergantung tiyang spuhipun ingkang mendidik. Dawuhipun bapak kiai :
Senajan wadah gede isi gemuk oli. Panggonane ono ngisro ora aji

Poro Bapak, Poro Ibu, hadirin sedoyo
Nopo maleh wonten ing zaman akhir meniko katah sanget pengaruh-pengaruh sangking arus gamebyaripun dunyo, katah iman ingkang podo kenter ketendang banjir kepuntir-puntir ilmu agama boten kepikir, maksud kulo, banjir kebudayaan-kebudayaan ingkang merusak mental umat Islam.
Kanjeng Nabi naliko Mi’roj sampun diparingi gambaran-gambaran ingkang dados lambang ingkang bade terjadi wonten ing dunyo meniko. Termasuk kanjeng Nabi dipun sumerepi tiyang estri ingkang ayu….teng pinggir dalan celuk-celuk dateng kanjeng Nabi, tapi piambakipun boten mandeg, slajeng dipun tanggledaken dateng Malaikat Jibril, Jibril maringi penjelasan, bilih meniko lambangipun dunyo sak isine, kok menawi panjenengan wahu mandek, tentu umat panjenengan bade milih dunyo sak isine, ninggal perkoro akhirot.
Pramilo meniko manggo manah kedah dipun gembleng, dipun isi iman ingkang kuat mugi-mugi kulo panjenengan benjang sagedo wilujeng dunyo lan akhirat. AMin yaa Robbal a’alamin. Cekap semanten aturan kulo, sedoyo kelepatan nyuwun angunging pangapunten.
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته

Ditulis Oleh : Unknown // 1:06 PM
Kategori:

0 komentar:

Post a Comment