Wednesday, May 23, 2012

Pidato Boso Jowo

ألسّلام عليكم ورحمة الله وبراته
بسم الله الرحمن الرحيم الحمد لله ارسل رسوله بالهدى ودين الحق ليظهره على الدين كله ، صلاة الله وسلامه على اشرف الأنبياء وإمام المرسلين سيدنا و حبيبنا محمّد وعلى اله وازواجه وذرّيّته واصحابه اجمعين. الإتصال يلزم الإنفصال بل الإنفصال لا يازم الإتصال, أمّا بعد.

Ashabal fadhoil Al ‘alim wal ulama’ sepuh pini sepuh khususipun panjeneganipun romo kyai haji Shiddiq ingkang tansah kawuko tenggo punopo ingkang tansah dipun aturaken
Ingkang kawulo hurmati ketua yayasan Mambaul Falah Piji Dawe Kudus
Ingkang kinurmatan bapak Kepala sekolah SMK Mambaul Falah Kudus soho sedoyo dewan guru
Sedayaning tholibin wat tholabat,muridin walmuridat SMK Mambaul Falah Kudus ingkang kawulo mulyaake
Ingkang kinurmatan bapak ibu tamu undangan ingkang tansah kawulo utama’aken. Lan sedoyo hadirin wal hadirot ingkang saat puniko tansah ngklega’ake wegdalipun keranten ngrawuhi pengajian wonten saat puniko kanthi keadaan ingkang bahagia mboten kirang setunggal punopo
Alhamdulillah wasyukurillah ’ala ni’matillah ing pundi ngantos wekdal sak puniko kito sedoyo takseh dipun paringi pinten pinten kenikmatan, utaminipun nikmat iman lan nikmat islam. Ugi nikmat sehat wal ‘afiat sehinggo kito saget makempal wonten majlis ingkang insya Allah mbeto barokah soho manfaati kagem kito sedoyo , amiin amin Yarobbal ’alamin
Sholatullah wasalamuhu ’ala syayidina wa maulana Muhammadin wa ’ala alihi wa ashabihi ajma’iin,mugi kanthi waosan sholawat puniko kito kacatet, kadaku lan katraju estu dados ummatipun ingkang angsal syafa’atul udzmahipun benjang wonten dinten qiyamat. Amiin
Hadzirin hadzirot inkang dipun mulya’aken Gusti Allah
Kanjeng Nabi Muhammad SAW dawuh ”Aljannatu Tahta aqdamil ummahat” suwargo puniko wonten telapak sukunipun biyung utawi ibu. Hadist puniko njelasaken bilih kito dipun wajibake manut lan hurmat deteng tiyang sepuh kekalih luweh luiweh ibu. Milo saat puniko monggolah kito milai hormat tiyang sepuh, antawisipun kito taat punopo ingkang dipun dawuhaken, kito mboten khiyanat punopo ingkang dipun amanatake dateng kito, kito latih badan kito piyambak supadaos guneman engkang sae inggih puniko kanthi bebasan.
Hadirin hadzirot rihimakumullah
”Ridhollahi fi ridhol walidaini ,wasuhtullahi fi shuhtil walidaihi.......”ridhone Gusti Allah puniko wonten ridhone tiyang sepuh kekalih, bendunipun Allah puniko keranten bendunipun tiyang sepuh kekaleh utminipun ibu.....kathah tulodho tulodho ingkang saget kito pendet saking cerito cerito wonten zaman riyen, antawisipun Kan’an putranipun nabi Nuh ingkang mboten purun netepi iman lan akhiripun sedo keterjang banjir, wonten setunggal shohabat zamanipun Rosulullah SAW ingkang sregep ngibadah,sregap ngaji, shodaqoh, zakat ananging piyamba’ipun mboten ta’at utawi mbangkang dateng ibunipun, akhiripun saat sakarotul maut piyamba’ipun kangelan anggenipun ngedalaken utawi pecat nyowo. Na’udzubillah min dzlik..........
Hadzirin Rohimakullah warodiya angkum wabaroka lakum
Kawulo ambali sepindah malih puniko monngo kto sareng sareng ta’at tiyang sepuh kekaleh luweh luweh ibu..........walaupun tiyang sepuh kito benten paham utawi kepercayaan kalayan kito ananging kito wajib tetep hurmat, lan terus njejaluk dumateng Allah Ta’ala supadosa dipun paringi hidayahipin sehinggo saget nuhoni radosan ingkang lurus inggih puniko agami islam ingkang ahiripun sagat nuhoni ugi kalimat laailahaillallah Muhammadurrosulullah, amin amin ya robbal ’alamin
Ma’asyirol mislimin Wa zumrotal mu’minin
Mekaten lan semanten punopo ingkang saget kawulo aturaken, mbok bileh wonten kelenta kelentunipun kawulo matur , kawulo nyuwun nganpunten ingkang sak katahah katahahipun,
Akhirul kalam..............................................????
wassalamualaikum wr. wb.

penulis adalah sohib saya,,kang mas aris wibowo, sewaktu mondok di ponpes mambaul falah piji dawe kudus dahulu biasa di panggil mbah wo

Ditulis Oleh : Unknown // 3:12 PM
Kategori:

0 komentar:

Post a Comment